Rabu, 04 Juni 2008


Rembulan lan Srengege

wis suwe dak anti-anti, godong turi dadi trembesi

dak luru terus turut lurung,

nanging kang ana mung godong lembayung

kadingaya temen aku nganti gemblung,

yen digagas sangsaya agawe wuyung

dik, wis suwe aku tansah gegandrung, nenangi rasa kang wus kadung

ora sembada nanging tambah bingung

nganti sasen-sasen dadi tahun, kok yo getun kok yo destun

rasane kaya kamanungsan, dadi atiku kaya ketaman

sajak ewuh mbuh ra weruh, wola-wali tansah dak rasa

amarga mankono aku dadi gila

ora ana wong kang coba ngerti, yen kabeh kedadeyan bakal gumanti

ana padang ana peteng, kang ilang agawe emeng

dadi palupi kuta saindeng, siji-siji ning uga bareng

mangkono linuding kidung, mbanyu mili datan dumunung

sangsaya adoh sangsaya agung, amung kita kang bisa mbendung

rasaku tansah kapang-kapang, wiwit esuk nganti srengege gumlewang

ing kulon langit saya abang, agawe atiku melang-melang

wis rada suwe aku ngayahi tugas, nanging kabeh tan ana kang tigas

mung setengah-setengah, sangsaya suwe sangsaya agawe susah

mbuh kapan bisa kabengkas, supaya uwal saka rasa was-was

Tidak ada komentar: